DALANKU DUDU DALANE
IBU
Jenengku anandina putri pangestu biasa di celok nana, omahku
ana tlatah banyuasin luweh tepake ing dusun sidorame desa kasepuhan. Aku
sekolah ing SMAN 1 KASEPUHAN kelas 3 manggon jurusan IPA,aku dadi wakil ketua
ing kelas padahal tak pikir – pikir aku karo ketua iku ora pathi akrab. Eh teko
di lakoni wae.
Wayah iku dina minggu,aku di jak konco – koncoku kelompokan
seni budaya ing desa sidorukun,pas aku kate pamitan marang ibuku kok
ndilalah ibu mrengut. “buk,kulo ajenge
kelompokan seni budaya ten griyane risa”,ibukku njawab “wes ra usah kelompok –
kelompokan,minggu iku ning omah ra dolan wae”, aku wes kudu nangis karo njawab
“tapi niki penting buk damel nilai kulo” akhire ibuku njawab “ yowes ra popo
metu tapi ra oleh suwe – suwe,bocah wadon kok ra tau ning omah”,aku seneng tapi
jek durung lego atiku.
Aku liwat mumet amarga jembatan desaku rusak ora bisa di
liwati sepedah, ngeneki kate nandi – nandi dadi nang suwen, suwe aku nang dalan
akhire wes totok omahe ningsih, jarak omahku nang omahe ningsih kira – kira 4
km kaya jarak omahku nang sekolahan tapi kacek tuituik. Aku karo arek – arek
jebul latihan nari,nyanyi,lan dolanan alat musik,kanca sak bangkuku jenenge
siti rajobintang celukane siti melu bagian alat musik lan nyanyi,pada karo
sahabatku jenenge diana rahmania karo sofi eka pramesti yo nyekel alat musik
nanging sing sofi ora gelem nyanyi, ana maneh sahabatku masio ora pathi plek
jenenge risa dwi ariska ningsih celukane risa iku yo bagian alat musik. Lha
sing bagian nari kuwi rosa,novi,lan risma,wes banjur latihan sampek akhire
wayah kepegelen padha leren. Risa dadi tuan rumah sing apik nyuguhke ngombe
“iki lo rek ben ra menggos – menggos kaya maling di kejar polisi“ ,
”wiiiih,seger iki sa,ayo rek di gruduk” timpalku, ”emooh aku ra melu gruduk
wong aku lesu kok” jawabane diana karo ngguyu, akhire risa melbu njopok ote –
ote lan godoh gedang, ”wah wah wah mayar tenan diana iki,wareg wes” omonge
siti,amarga pocapane siti kabeh dadi ngguyu.
Banjur sofi takon “ kowe mau lapo kok kari na?”. Aku bingung
ape jawab apa,aku emoh ngomong yen aku mari debat karo ibukku, “na,aku iki
takon ora ngongkon turu” karo rodok nyentak banjur tak jawab “em em,aku mau
leren ngenteni sepedahku rek di gowo bapak,sepurane yo”. Diana sing wes kuenal
aku lan sifatku ngerti yen aku mikiri samubarang,aku di jak diana menjobo omahe
ningsih banjur diana takon “kowe iki ra jujur nang arek – arek ,aku wes kenal
kowe na,age crito o nang aku ana apa?” “ora din,ora ana apa – apa” tak jawab
karo senyum. “yo wes yen kowe ra gelem jujur saiki” banjur aku karo diana
mbalek melbu. Sing rosa takon “ he ora moleh ta? Wes jam 3 iki” “iyo e,yo wes
rek latihane ket kene sek wae mene di totokno maneh.”
Aku moleh ijen lewat dalan sing kahanane mirip karo isi ning
atiku,ra karuan ra mulus mergo akeh jragulan kang dadi gandulane ati. Wayah
totok omah aku langsung ngelesi, aku nyawang ibuk,wajahe inuk mrengut nahan
emosi. “duh gusti kula buingung dados keknopo urip kula niki,ibuk kepengen kula
kuliah nanging kok kula kelompokan damel mados biji mawon kok ngeten ruwete“
batinku karo mbrabak. Murid – murid lesku pada nyeluki asmaku “mbak nana” “mbak
nana” banjur tak ulapi eluhku kang wes tumetes titik ing pipi. “kensek rek,mbak
ganti klambi sek” banjur semaur kabeh “enggeh mbaaaaak”,aku mlaku nang
kamar,ados diluk banjur nemoni murid – muridku maneh, oleh 2 jam ngelesi murid
– muridku tak bubarno pada moleh dewe – dewe,teko maneh muridku sing les privat
nang aku,podo wae muridku sing iki yo 2 jam mulang,jam wes nyuding angka 8,aku
langsung nang kamar gawe turu.
Menesuke aku pas kate budal sekolah ora di sopo bapak lan
ibuk,aku langsung budal sekolah wae. Ing sekolah aku jagongan karo kelompokku
yen kate nutukno latihan sing wingi,yo podo setuju kabeh t eko sekolah kelompokan nang omahe
ningsih maneh. Wes wayahe moleh kabeh anggota kelompokku banjur salen moleh
terus balek maneh nang omahe ningsih, nang kunu latihan kaya biasae,jam 5 sore
moleh, totok omah ora ana arek les amarga dina sabtu. Aku leren nang ngarep
tipi karo bapak,ibu,lan adhiku. Ora nyongko aku di lokno ibukku “ kowe ora iso
ta sedino ae leren nang omah,ngelepek gak penting ae,kelompok – kelompokan gawe
opo e yoan,di kongkon sekolah sing temen ben iso kuliah kok kelompokan terus” aku
banjur jawab mbela awakku “ kelompokan kuwi penting buk,yen ra ngerjakno tugas
terus guruku oleh maringi nilai teko ndi lek mboten ndugi tugas kelompokan niku
wau” aku kaget sikile ayah nyaduk aku karo moreng – moreng “ di tuturi kuwi
menengo gak jawab ae,les di preino tambah kelompokan,kelompokan gak penting ae
di belani,cek les lak enak kowe oleh dhuwit” aku banjur mlayu nang kamar
nangis. Wayah aku nang kamar ibuk ejek ngelokno bae teko kamar. Aku nangis
sesenggukan dadak keturon.
*5 wulan* wes kate lulusan aku daftar nang kampus sing gede
ning kuthaku “UNESA”,mari ujian ndilalah aku ndelok nang internet kok aku ketrimo ning UNESA prodi basa jawa,aku seneng
banget gusti aku bisa mbuktekno marang ibu yen kelompokanku lan kerja kerasku
selama iki ora sia – sia ,ibu lan bapakku seneng banjur ngrakut aku.
Alhamdulillah ya Allah Gusti aku bersyukur tenan ya Allah. Niki lo pak buk
putrine panjenengan sing biyene njenengan benci mergo menurut njenengan putrine
niki mokong,sakniki saget kuliah lan bakal dadi guru. J
*^MANTUN ^*
Created
AFIVA
NUR QOMARIYYAH
TRI
NUR ROJABININGTIAS